Sabtu, 30 Agustus 2014

Pasuryanmu

Sliramu Gumawang Ing Netya


Pasuryanmu sing bening
Tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
Saya suwe tansaya adoh
Ninggalake sepi
Tan ana sabawa gumrisiking alang alang
Aku mung bisa nyawang
Pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
Nganti datan katon kasaput pedut
.

lks, Agt 2014






Pitutur lan Donga Katur Ibu

Ibu,

Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa nggante
’ake
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklale’
ake
Do’a ibu kang tulus
Tansah ngiringi awakku
Pengorbanane kang tanpa wates
     
Ora bisa winales,
Ibu . . .
Pituturmu bakal dakrungu
Tresna asihmu marang aku
Ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Mug
o Gusti tansah nyembadani,

  Amiin…