Jumat, 20 Juni 2014

Tresna Dumateng Ibu

IBU


Ibu
Matursuwun Ibu…
Panjenengan sampun ngorbanake
Nyawanipun panjenengan dingge
Nglairake kulo teng donya niki

Kulo
Anak sing Ibu lairake
Namung saget mbales
Perjuanganipun lan pangorbanan Ibu
Kalih donga lan kabektian kulo
Kalih panjenengan Ibu…
 
Ibu
Kulo nyuwun pangapunten
Amargi kulo sampun lelakon
Kesalahan kaleh Ibu…
Kulo sadar, umpami mboten wonten Ibu
Kulo mboten saget lahir
Teng donya niki…
Matursuwun sanget Ibu…

Leksono, Juni 2012 











Perkenalanku

LARE NGGUNUNG

Senadyan kulo lare nggunung
Teden kulo sekul jagung
Tebeh ratu caket watu
Nanging manah tetep kukuh
Nuntut ilmu, mugi kasembadan ingkang ginayuh
Raos kulo gembira ing manah
Saget nulis lan moco wonten sekolah
Bapak Ibu Guru kulo nyuwun pangestu
Mugi Gusti paring idi menopo ingkang dados
Idamaning ati…amiin.